.

Ngayogjokarto Lyrics

Ngayogyakarta
Witing kelopo jawoto ing ngarco podo
sak rukune niki genk Kobra
pancen nyoto kulo saking Surokarto
njlajah nagri Ngayogjakarto
Hegh!...

Ngayogyakarta kuthane aman berhati nyaman
Kota Seniman, Kota Pelajar, lan Kabudayan

Reff:
Malioboro trus ngidul kuwi kraton yogya
Kantor Pos Gedhe, ngarepe Senisono
Ning dhek biyen, saiki wis ora ana
Benteng Velderburg mbiyen panggonane Landa

Nggolek Gudheg ning Widjilan mesthi ana
Ndelok Munyuk lan Gajah ning Gembira Loka
Arep santai ning laut, bablas kidul kana.
Parang tritis Parang Ndok, Parang Kusuma

Bantul, Praja Taman Sari

Ben ra ucul, ya digondheli
Sleman Sembada, eman-eman marai gela

Reff:
Tuku manuk ning Ngasem sor kulon Cemeti
Kaliurang nggon adem ning lereng Merapi
Cemilane jadah tempe bacem ngangeni
Gua Slarong Ngelingake perang jaman Kompeni
Gadjah Mada IAIN Kalijaga UII
Panggonane wong pinter sing padha studi
Stasiun Tugu, Lempuyangan nggon kreta api
Numpak sepur saka kana tekan endi-endi

Gunung Kidul Handayani

Bacut ucul angel nggoleki
Kulonprogo Binangun
Karo kanca mbok yo sing rukun

Ngayogyakarta kuthane aman berhati nyaman
Kota Seniman, Kota Pelajar, lan Kabudayan
Reff:
Borobudhur, Prambanan kuwi candhi gedhe
Taman Sari pemandhian mung kari bekase
Tari Srimpi lan Gambyong sagamelane
Yen ditonton mesthi wae yo nyenengake

Dhaerah Yogya ana papat kabupatene
Gunung Kidul, Sleman, Bantul, Kulonprogo batese
Dalad, Sani, lan Nyothe kuwi basa premane

Yen tak pikir aku mesti kekelen dewe

Sanga Papat, punjul enem,
Menawi lepat, nyuwun ngapunten
Sanga Papat, punjul enem,
Kula niki, lulusan Pakem

Sikil Gudhik, aja dikukur lan dithithil
Tangan reged aja nggo uthik-uthik upil
Sirah mumet lan ngelu padha ngombea pil
Dadi uwong sing pinter aja dadi pokil
Report lyrics
Top Genk Kobra Lyrics